Teks wedhatama pupuh Pangkur
Teks Wedhatama pupuh Pangkur
Serat Wedhatama iku
anggitane Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung
‘serat’ tegese tulisan/karya, ‘wedha’ tegese wulangan/tuntunan, dene ‘tama’
duwe teges utama/kautaman. Dadi, wose serat Wedhatama iku wulangan luhur kanggo
mbangun budi pekertine sapa wae kang maca. Serat Wedhatama dianggit wujud
tembang macapat pupuh Panggkur, Sinom, Pocong, Gambuh, lan Kinanthi.
A. Maca lan nanggapi teks serat
Wedhatama pupuh Pangkur lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan.
Pangkur
Mingkar-mingkuring
angkara,
Akarana
karenan mardi siwi,
Sinawung
resmining kidung,
Sinuba
sinukarta,
Mrih
kretarta pakartining
ilmu
luhung,
Kang
tumprah ing tanah jawa,
Agama
ageming aji,
ü Pupuh Pangkur
ing serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 14 pada (bait). Sapada tembang
Pangkur kiwa iki kawiwitan sak tambung ‘mingkar’ tekan tembung ‘aji’
ü Guru gatra,
yaiku wewaton cacahe larik saben sapada. Guru gatra saben papada tembung Pangkur
ana 7.
ü Guru lagu, yaiku
wewaton cacahe dhong-dhinge swara utawa sukonwulone swara saben pungkasane
gatra. Guru lagune tembang Pangkur, yaiku a, i, u, a, u, a, i.
ü Guru wilangan,
yaiku wewaton cacahe wanda [suku kata] saben sagtra (larik). Dadi, guru
wilangane tembang Pangkur, yaiku 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8.
ü Supaya gampang
dieling-eling, guru wilangan lan guru lagune tembang Pangkur, biasane ditulis :
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i.
B. Mbedhah perangane serat Wedhatama pupuh Pangkur
Kaya kang
diandharake ing ndhuwur, tembang Pangkur iku dibangun saka larikan-larikan kang
diarani guru gatra cacahe pitung gatra. Gatra sepisan, gatra kapindho, lan
sapiturute kabeh ana aturane. Yen ora cocog karo salah siji wae saka atursan
iku, tegese dudu tembang Pangkur.
C. Nulis cakepan tembang Pangkur
Nulis
tembang macapat, klebu tembang Pangkur iku kudu manut aturan kang gumathok.
Aturan kang gumathok iku kaya kang disebutake ing dhuwur, yaiku guru gatra,
guru lagu, guru wilangan. Supaya bisa nulis cakepan tembang macapat (pangkur) ,
wiwitana kanthi gawe ukara bebas! Ukara bebas mau banjur dicocogke guru gatra,
gur lagu, guru wilangane. Carane nyocogke bisa kanthi ngowahi tembung-tembunge
utawa ngowah papane tembung. Cara-cara iku kayata: purwakanthi swara,
purwakanthi sastra, yogyaswara, baliswara, dasanama, tembung saroja, lang
sapanunggale.
Sumber
: Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA
Bagus, sangat bermanfaat
BalasHapusAlhamdulillah dengan ini saya bisa membuat tugas bahasa inggris.. mantab mantab
BalasHapusMatur nuwun
BalasHapusMantap kali 👍
BalasHapus