Postingan

Sesorah

Sesorah Parafrase yaiku istilah linguistik kang nduweni teges nglairake malih salah sawijining  konsep kanthi cara liya sajroning basa kang pada, tanpa ngowahi makna lan tujuan awale. Carane nggawe parafrase pidato basa jawa : 1.      Maca naskah asli 2.      Nemtoake tema / alur 3.      Nemtoake gagasan utama / ide pokok saben paragraph 4.        Nggawe parafrase nganggo ukara kang beda, ukara langsung bisa di ganti    nganggo ukara ora langsung. 5.      Nganggo tembung kang baku, ukara kang ringkes lan gampang dipahami. Pidato Sambutan Maneka Acara Tegesipun Pidhato     Pidato  utawi sesorah tegese micara ing sangarepe wong akeh utawa umum, ana uga kang ngandharake yen pidato utawa sesorah yaiku medharake gagasan utawa panemu kanathi migunakake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh. Jinis – ji...

babagan pawarta

Pawarta Pawarta iku kudu bisa narik kawigaten kang maca utawa kang ngrungokake pawarta kasebut. Ana babagan kang kudu digatekake ing pawarta antarane aktuwal utawa anyar, misuwur, ora lumrah, lan dredah. Warta iku kudu bisa migunani tumrap kang maca utawa kang ngrungokake. Maca warta penting kanggone masyarakat jaman saiki. Kanthi maca warta, kabeh informasi bisa dimangerteni. Warta saka radhiyo, televisi, lan ariwarti utawa kalawarti umume ngandharake babagan maneka warna. Macakake warta kanggo wong liya kudu nggatekake kedal, lagu, lan pangucapan kang cetha supaya warta kasebut bisa  katrima marang wong kang ngurngokake. Supaya warta iku bisa katampa dening kang ngrungokake, anggone maca aja banter-banter lan nganggo sikap maca kang bener. Menawa wis bisa maca sawijining pawarta, banjur sinau carane nanggapi pawarta. Nanggapi pawarta tegese menehi sambutan marang pawarta kasebut kanthi menehi pamanggih setuju utawa ora setuju marang pawarta kang kewaca utawa di...

Teks wedhatama pupuh Pangkur

Teks Wedhatama pupuh Pangkur Serat Wedhatama iku anggitane Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung ‘serat’ tegese tulisan/karya, ‘wedha’ tegese wulangan/tuntunan, dene ‘tama’ duwe teges utama/kautaman. Dadi, wose serat Wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pekertine sapa wae kang maca. Serat Wedhatama dianggit wujud tembang macapat pupuh Panggkur, Sinom, Pocong, Gambuh, lan Kinanthi. A.   Maca lan nanggapi teks serat Wedhatama pupuh Pangkur lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Pangkur Mingkar-mingkuring angkara, Akarana karenan mardi siwi, Sinawung resmining kidung, Sinuba sinukarta, Mrih kretarta pakartining ilmu luhung, Kang tumprah ing tanah jawa, Agama ageming aji, ü   Pupuh Pangkur ing serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 14 pada (bait). Sapada tembang Pangkur kiwa iki kawiwitan sak tambung ‘mingkar’ tekan tembung ‘aji’ ü   Guru gatra, yaiku wewaton cacahe larik saben sapada. Gur...

Tontonan Budaya Jawa

Tontonan Budaya Jawa             Tontonan wayang kang padatan sinebut pegelaran, mujudaken kombinasi harmonis saking maneka unsur kesenian. Unsur kasebut ing antarane unsur barang lan unsur manungsa. Kang kalebu unsur barang yaiku ubarampe serta sarana kang digunakake ing pagelaran wayang kulit ( wayang kang kagawe saka kulit lembu, kelir, debog, seperangkat gamelan, keprak lan sakliyane). Dene unsur manungsa yaiku pawong kang nyengkuyung gumelare seni pagelaran wayang kulit ( dalang, penyimping, niyaga, waranggana). A.        Ngrembug teks eksposisi babagan tontonan Eksposisi mujudake sawijning teks kang medharake sawijining bab kanggo pamaos supaya oleh informasi kang ganep sabanjure bisa ngrembakake pangertene sing maca. Bab kang diandharake ing teks eksposisi bisa awujud : 1.       Dhata faktual, yaiku sawijining kahanan kang nyata ana, lan bisa dicritake kanth...

Budaya Wewaler

Budaya Wewaler Wewaler padha karo gugon tuhon. Gugon tuhon saka tembung gugu ( pracaya marang kandhaning liyan) lan tuhu ( nyata, temen ). Gugon tuhon yaiku ngandel marang prakara sing dianggep duwe kadayan ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora. Gugon tuhon ing madyaning masarakat jawa diarani pepali utawa larangan. Gugon tuhon kalebu kaprecayaan tansah duwe rasa sumelang menawa ora bisa nyembadani prekara sing dianggep mbebayani iku. Gugon tuhon 1.       Gugon tuhon salugu yaiku bocah utawa wong sing dadi mangsane Bathara Kala miturut dongeng yaiku bocah sukerta. Miturut keprecayan, kanggo ngusadhani supaya ora dimangsa Bathara Kala, kudu ditanggapake wayang kanthi lakon Amurwakala. Sing kalebubocah sukreta yaiku: 2.       Gugon tuhon wasita sinandi yaiku kalebu pitutur sing ora kalairake kanthi melok. Akeh nggunakake tembung boten ilok utawa orak ilok sing sejatine ngemu teges ora becik. 3.     ...