Tontonan Budaya Jawa
Tontonan
Budaya Jawa
Tontonan wayang kang
padatan sinebut pegelaran, mujudaken kombinasi harmonis saking maneka unsur
kesenian. Unsur kasebut ing antarane unsur barang lan unsur manungsa. Kang
kalebu unsur barang yaiku ubarampe serta sarana kang digunakake ing pagelaran
wayang kulit ( wayang kang kagawe saka kulit lembu, kelir, debog, seperangkat
gamelan, keprak lan sakliyane). Dene unsur manungsa yaiku pawong kang
nyengkuyung gumelare seni pagelaran wayang kulit ( dalang, penyimping, niyaga,
waranggana).
A.
Ngrembug
teks eksposisi babagan tontonan
Eksposisi mujudake
sawijning teks kang medharake sawijining bab kanggo pamaos supaya oleh
informasi kang ganep sabanjure bisa ngrembakake pangertene sing maca. Bab kang
diandharake ing teks eksposisi bisa awujud :
1. Dhata
faktual, yaiku sawijining kahanan kang nyata ana, lan bisa dicritake kanthi
cetha.
2. Sawijining
analisi utawa penafsiran objektif sawijining fakta.
3. Fakta
ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan.
Titikane teks eksposisi
yaiku :
1. Ngandharake
panemu utawa gagasan,
2. Nuduhake
kahanan sanyatane,
3. Nggunakake
analisis lan sintesis
4. Sumber
ide bisa saka pengalaman, sikap, utawa keyakinan.
Struktur teks eksposisi
yaiku:
1. Tesis
(pambuka ), isine panemu saka panyerat ngenani prekara kang arep diandharake,
2. Argumentasi
(isi), andharan dikantheni bukti, alesan, saka panemu kang wis diandharake ing
perangan tesis,
3. Penutup
utawa penegasan ulang kang isine nguwatake maneh argumen andhedhasar bukti kang
wis diandharake ing perangan argumentasi.
B.
Nulis
teks eksposisi
Urutan carane gawe teks eksposisi
yaiku:
1. Nemtokake
undheraning perkara utawa tema,
2. Nemtokake
ancas utawa tujuan
3. Ngumpulke
dhata saka maneka sumber,
4. Gawe
cengkorongan ,
5. Ngrembakake
cengkorongan dadi teks eksposisi
Sumber : Gegaran Nyinau
Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA.
Bagus, sangat membantu sekali
BalasHapusmatur nuwun, sangat bermanfaat
BalasHapusmantap,tulisannya rapiii
BalasHapusMantttapp kaliii
BalasHapusBagus banget
BalasHapus