Tontonan Budaya Jawa


Tontonan Budaya Jawa

            Tontonan wayang kang padatan sinebut pegelaran, mujudaken kombinasi harmonis saking maneka unsur kesenian. Unsur kasebut ing antarane unsur barang lan unsur manungsa. Kang kalebu unsur barang yaiku ubarampe serta sarana kang digunakake ing pagelaran wayang kulit ( wayang kang kagawe saka kulit lembu, kelir, debog, seperangkat gamelan, keprak lan sakliyane). Dene unsur manungsa yaiku pawong kang nyengkuyung gumelare seni pagelaran wayang kulit ( dalang, penyimping, niyaga, waranggana).

A.       Ngrembug teks eksposisi babagan tontonan
Eksposisi mujudake sawijning teks kang medharake sawijining bab kanggo pamaos supaya oleh informasi kang ganep sabanjure bisa ngrembakake pangertene sing maca. Bab kang diandharake ing teks eksposisi bisa awujud :
1.      Dhata faktual, yaiku sawijining kahanan kang nyata ana, lan bisa dicritake kanthi cetha.
2.      Sawijining analisi utawa penafsiran objektif sawijining fakta.
3.      Fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan.
Titikane teks eksposisi yaiku :
1.      Ngandharake panemu utawa gagasan,
2.      Nuduhake kahanan sanyatane,
3.      Nggunakake analisis lan sintesis
4.      Sumber ide bisa saka pengalaman, sikap, utawa keyakinan.
Struktur teks eksposisi yaiku:
1.      Tesis (pambuka ), isine panemu saka panyerat ngenani prekara kang arep diandharake,
2.      Argumentasi (isi), andharan dikantheni bukti, alesan, saka panemu kang wis diandharake ing perangan tesis,
3.      Penutup utawa penegasan ulang kang isine nguwatake maneh argumen andhedhasar bukti kang wis diandharake ing perangan argumentasi.

B.       Nulis teks eksposisi
Urutan carane gawe teks eksposisi yaiku:
1.      Nemtokake undheraning perkara utawa tema,
2.      Nemtokake ancas utawa tujuan
3.      Ngumpulke dhata saka maneka sumber,
4.      Gawe cengkorongan ,
5.      Ngrembakake cengkorongan dadi teks eksposisi

Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA.

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Teks wedhatama pupuh Pangkur

babagan pawarta