Teks wedhatama pupuh Pangkur


Teks Wedhatama pupuh Pangkur

Serat Wedhatama iku anggitane Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung ‘serat’ tegese tulisan/karya, ‘wedha’ tegese wulangan/tuntunan, dene ‘tama’ duwe teges utama/kautaman. Dadi, wose serat Wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pekertine sapa wae kang maca. Serat Wedhatama dianggit wujud tembang macapat pupuh Panggkur, Sinom, Pocong, Gambuh, lan Kinanthi.

A.  Maca lan nanggapi teks serat Wedhatama pupuh Pangkur lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan.
Pangkur
Mingkar-mingkuring angkara,
Akarana karenan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta,
Mrih kretarta pakartining
ilmu luhung,
Kang tumprah ing tanah jawa,
Agama ageming aji,
ü  Pupuh Pangkur ing serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 14 pada (bait). Sapada tembang Pangkur kiwa iki kawiwitan sak tambung ‘mingkar’ tekan tembung ‘aji’
ü  Guru gatra, yaiku wewaton cacahe larik saben sapada. Guru gatra saben papada tembung Pangkur ana 7.
ü  Guru lagu, yaiku wewaton cacahe dhong-dhinge swara utawa sukonwulone swara saben pungkasane gatra. Guru lagune tembang Pangkur, yaiku a, i, u, a, u, a, i.
ü  Guru wilangan, yaiku wewaton cacahe wanda [suku kata] saben sagtra (larik). Dadi, guru wilangane tembang Pangkur, yaiku 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8.
ü  Supaya gampang dieling-eling, guru wilangan lan guru lagune tembang Pangkur, biasane ditulis : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i.

B.  Mbedhah perangane serat Wedhatama pupuh Pangkur
Kaya kang diandharake ing ndhuwur, tembang Pangkur iku dibangun saka larikan-larikan kang diarani guru gatra cacahe pitung gatra. Gatra sepisan, gatra kapindho, lan sapiturute kabeh ana aturane. Yen ora cocog karo salah siji wae saka atursan iku, tegese dudu tembang Pangkur.

C.  Nulis cakepan tembang Pangkur
Nulis tembang macapat, klebu tembang Pangkur iku kudu manut aturan kang gumathok. Aturan kang gumathok iku kaya kang disebutake ing dhuwur, yaiku guru gatra, guru lagu, guru wilangan. Supaya bisa nulis cakepan tembang macapat (pangkur) , wiwitana kanthi gawe ukara bebas! Ukara bebas mau banjur dicocogke guru gatra, gur lagu, guru wilangane. Carane nyocogke bisa kanthi ngowahi tembung-tembunge utawa ngowah papane tembung. Cara-cara iku kayata: purwakanthi swara, purwakanthi sastra, yogyaswara, baliswara, dasanama, tembung saroja, lang sapanunggale.  

Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Tontonan Budaya Jawa

babagan pawarta