Budaya Wewaler
Budaya
Wewaler
Wewaler padha karo
gugon tuhon. Gugon tuhon saka tembung gugu ( pracaya marang kandhaning liyan)
lan tuhu ( nyata, temen ). Gugon tuhon yaiku ngandel marang prakara sing
dianggep duwe kadayan ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora. Gugon tuhon ing
madyaning masarakat jawa diarani pepali utawa larangan. Gugon tuhon kalebu
kaprecayaan tansah duwe rasa sumelang menawa ora bisa nyembadani prekara sing
dianggep mbebayani iku.
Gugon
tuhon
1. Gugon
tuhon salugu yaiku bocah utawa wong sing dadi mangsane Bathara Kala miturut
dongeng yaiku bocah sukerta. Miturut keprecayan, kanggo ngusadhani supaya ora
dimangsa Bathara Kala, kudu ditanggapake wayang kanthi lakon Amurwakala.
Sing kalebubocah sukreta yaiku:
2. Gugon
tuhon wasita sinandi yaiku kalebu pitutur sing ora kalairake kanthi melok. Akeh
nggunakake tembung boten ilok utawa orak ilok sing sejatine ngemu teges ora
becik.
3. Gugon
tuhon kalebu wewaler yaiku wewaler saka leluhur utawa wong sing dadi cikal
bakal amarga nindakake sawijing bab, banjur wewaler kanggo anak putu supaya ora
melu nindakake.
Budaya jawa kaperang dadi loto
arupa pituduh lan wewaler. Kabeh ngandhut 6 perkara yaiku Ketuhanan Yang Maha
Esa, rohani, kamanungsa, kebangsan, kulawarga, lan kadonyan.
Pituduh
Mungguhe
bebrayan jawa, pituduh urip iku kaperang dadi enem prekara, kaya kacetha ing
ngisor iki.
1. Pituduh
magepokan karo Gusti Kang Maha Wisesa
2. Pituduh
kang magepokan karo rohani
3. Pituduh
kang magepokan karo kamanungsan
4. Pituduh
kang magepokan karo kebangsan
5. Pituduh
kang magepokan karo kulawarga
6. Pituduh
kang magepokan karo kadonyan
Wewaler
Kaya dene pituduh, wewaler bebrayan
jawa uga kapantha dadi enem pepanthan, kaya ing ngisor iki
1. Wewaler kang magepokan karo Gusti Kang Murbeng
Urip
2. Wewaler
kang magepokan karo rohani
3. Wewaler
kang magepokan karo kamanungsan
4. Wewaler
kang magepokan karo kebangsan
5. Wewaler
kang magepokan karo kulawarga
6. Wewaler
kang magepokan karo kadonyan
Sumber : Gegaran Nyinau
Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA
Bagus
BalasHapusJosss tenan
BalasHapusMatur nuwun, sangat bermanfaat
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusKeren keren
BalasHapusMantab lur
BalasHapusMantab lur
BalasHapus